You are on page 1of 4

MATERI SESORAH KELAS IX

SESORAH Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. rut!urutane sesorah" #. Salam $ambuka %sine ngu&apake salam marang para rawuh'tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. (awiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. ). $amu*i %sine mu*i syukur lan panuwun marang +usti kang Maha Agung supaya adi&ara kang ditindakake bisa lan&ar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung. ,. %si'wigatining sesorah -gaturake apa an&as'tu*uane sesorah. .uladha adi&ara pepisahan siswa kelas %/, pengetan dina (artini, &eramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial 0. $angarep!arep -yuwun donga pangestu marang para rawuh'tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(&ita!&ita) bisa kaleksanan. .uladha" sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa) bisa lan&ar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, &eramah apa kang diandharake'diterangke migunani marang para tamu'rawuh 1. $anutup %sine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah'pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk. Sesorah ditutup kanthi Salam utawa nuwun'matur nuwun. . 2A3HA!. 2A3HA SESORAH #. .uladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SM$) Assalamu4alaikum 5r. 5b -uwun, %ngkang kinabekten 6apak (epala Sekolah, %ngkang pantes sinudarsana 6apak saha %bu +uru, %ngkang kinurmatan 6apak'%bu (aryawan, $ara kadang wredha mudha siswa SM$ .unas 6angsa ingkang kula tresnani. 2angkung rumiyin sumangga kula pan*enengan ngun*ukaken pu*a!pu*i pudyastuti dhumateng ngarsanipun +usti %ngkang Mahawikan. %nggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula pan*enengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala Sala*engipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi!mugi rawuh pan*enengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng 6apak (epala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya pengetan ambal warsa SM$ .unas 6angsa ingkang kaping !78 ing kalenggahan siyang punika. gi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng 6apak'%bu +uru sumarambah $ara (aryawan ingkang kepareng paring iguh pratikel murih pratitising adi&ara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SM$ .unas 6angsa , ingkang asung sabiyantu ngantos adi&ara punika saged kaleksanan kanthi gan&ar. $ara 6apak, %bu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. 6ilih wigatosing gati , pan*enengan kasuwun rawuh ing pahargayan ambal warsa SM$ .unas 6angsa kaping!78 punika kanthi an&as, mugi!mugi pahargyan punika saged dados pe&uting lampah ing dinten!dinten

samangke, ngandelaken tekad ma*engangaken panggula wenthah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun. Menggah wedharan sa*angkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SM$ .unas 6angsa dalah pameran, ba9aar, tuwin pentas seni, badhe kababar dening pan*enenganipun 6apak (epala sekolah . mugi!mugi kanthi wedharan samangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SM$ .unas 6angsa rikala semanten sanyata awrat. %ngkang tundhonipun saged ngla*engaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng pan*enenganipun 6apak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SM$ .unas 6angsa ingkang kaping!78 kala*engaken hambuka adi&ara pameran, ba9aar, dalah pentas seni. %ng wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adi&ara. -amung kemawon, mbokbilih lampahing adi&ara punika kirang mranani penggalih pan*enengan, panitya nyuwun agunging pangaksami. 3ene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra. -uwun. 5assalammu4alaikum wr.wb. Matur nuwun. ). $asrah &alon pinanganten kakung Assalamu4alaikum 5r. 5b. $an*enenganipun 6apak'%bu Sena -ugroho ingkang satuhu dhahat kinurmatan. (ula pinangka talanging basa pan*enenganipun 6apak'%bu Hadi Sugito wingking saking .oyan ,5ates , (ulon $rogo %ngkang sepisan" $an*enenganipun 6apak'%bu Hadi Sugito saha para pinisepuh miwah sesepuh ing .oyan 5ates (ulon $rogo ngaturaken salam taklim katur pan*enenganipun 6apak'%bu Sena -ugroho miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah +unung (etur, $akualaman -gayogyakarta mriki kanthi atur " Assalamu4alaikum 5r.5b. Saha kinanthenan pepu*i mugi!mugi baraya ageng 6apak'%bu Seno -ugraha dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating $angeran, suka rahayu ingkang pinanggih. (aping kalihipun" (ula ingkang tinanggenah masrahaken &alon penganten kakung nama bagus $ermadi atma*anipun 6apak'%bu Hadi Sugito kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara 5ara Subadra putrinipun 6p'%bu Seno -ugroho. (aping tiganipun " Saderengipun &alon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa pan*enengan, kula ngaturaken sesanti pu*a!pu*i pudyastuti ing +usti %ngkang Murbeng 3umadi mugi!mugi upa&ara i*ab :obul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken sageda kalampahan kanthi wilu*eng kalis ing sambekala. %ng samangke &alon penganten kakung kula pasrahaken ing pan*enengan %ngkang punika , mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata &ara i*ab :obul sampun satata, keparengan i*abing &alon pinanganten enggal katindakna. 5asana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra &alon panganten kakung bok bilih wonten ku&iwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, -uwun. 5assalamu4alaikum 5r. 5b. ,. .uladha sesorah Sripah Assalamu4alaikum 5r. 5b. %nna 2illahi wa inna illaihi roo*i4un ,/

$an*enenganipun 6araya ageng 6apak. 6udi Santosa ingkang katemben nandhang dhuhkita ingkang dhahat kinurmatan. $an*enenganipun para ta4*i9ah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan. 2angkung rumiyin sumangga sesarengan boten kendhat ngaturaken pu*i syukur kon*uk wonten -garsa 3alem Allah S5. ingkang sampun kepareng paring karohmatan dhumateng kula lan pan*enengan sedaya awu*ud gumelaring kabagaswaran satemah saged kempal manunggal ing dalem duhkita mriki saperlu &aos pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhumah %bu Sutini 6udi Santosa. %ngkang sala*engipun keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun ;ati Srana mriki %ngkang sepisan" 5arganing bebrayan ing dhusun ;ati Srana ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun Almarhumah %bu Sutini 6udi Santosa. (ita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang pan*enengan raosaken, punapa ingkang pan*enengan sandhang, kita reren&ang ngindhit sungkawa pan*enengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan dhuhkita. (aping kalih" m 5arganing bebrayan ing dhusun ;ati Srana sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah %bu Sutini 6udi Santosa sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesami. Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing $angeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah %bu Sutini 6udi Santosa. (aping tiga" 5arganing bebrayan ndherek memu*i lan ndedonga, mugi!mugi +usti Allah S5., paring pangapunten sadaya dosanipun, paring gan*aran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin. 3ene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming +usti %ngkang Maha Agung. <ekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun ;ati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten. 6ilahit tau=i: wal hidayah.5assalamu4alaikum wr.wb. Matur nuwun. 0. Atur panampi &alon panganten kakung Assalamu4alaikum 5r. 5b. $an*enenganipun 6apak'%bu Hadi Sugito dalah rombongan &alon besan saking .oyan 5ates (ulon $rogo ingkang dhahat kinurmatan. (ula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa pan*enenganipun 6apak Seno -ugroho kekalih" %ngkang sepisan " -gaturaken pambagya rahayu wilu*eng sarawuh pan*enengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken &alon penganten kakung saking .oyan 5ates (ulon $rogo dumugi ing wismanipun 6apak Seno -ugroho mriki. %ngkang kaping kalih " Menggah kasugengan saha salam taklimipun 6apak Hadi Sugito sarimbit sampun kula tampi kanthi atur" 5angalaikum salam 5r. 5b. %ngkang kaping tiganipun" 6ilih pasrah pan*enengan &alon panganten kakung pun 6agus $ermadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun dumugi ing titi wan&inipun miwah

samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula i*ab :obulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara 5ara Subadra. %ngkang kaping sekawanipun" (ula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi!mugi i*ab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilu*eng lulus kalis nir ing sambekala. 5asana hambokbilih wonten kiranging trapsila, bu*a krama miwah &ewet, ku&iwa lan la&uting atur anggen kula nampi rawuh pan*enengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama. 5assalamu4alaikum, 5r. 5b. .uladha isi (topik) sesorah" #. Syukuran nalika dadi siswa berprestasi ). .anggap warsa (ulang tahun) sekolah minangka wakil siswa ,. Mangayubagya kan&a kang kapilih dadi pengurus OS%S 0. Syukuran lulus sekolah 1. (etua panitia ing pentas seni pengetan dina (amardikan. 7. Syukuran bisa oleh pagaweyan. >. $engetan dina (artini ?. $engetan dina $ahlawan @. Supitan'(hitanan #8. -gresmekake gedung

You might also like