You are on page 1of 1

AQOID SEKET Alhamdulillah muji ing Gusti Wa syukrulillah syukur ing Gusti Rahmad lan salam tetep jeng

Nabi Kawulo wargo kang giat gati Wajib mukallaf kudu angerti Aqoid seket sanguning pati Wajib ing Alloh rong puluh werno Muhal ing Alloh rong puluh werno 1. Kang dihin Wujud maknane ono muhal Adamun maknane ora ono 2. Ping pindo Qidam dihin artine muhal Hudusun anyar maknane 3. Ping telu Baqo langgeng maknane muhal Fanaun rusak artine 4. Ping papat Mukholafah suloyo Muhal ing Gusti podo nang liyo 5. Ping limo Waqiyamuhu jumeneng maknane Muhal ing Gusti butuh nang liyane 6. Ping nem Wahdaniyat suwiji maknane Muhal Taaddud akeh anane 7. Ping pitu Qodrat kuasa artine Muhal Ajzun apes maknane 8. Ping wolu Irodah kerso artine Muhal Karohah kapekso maknane 9. Kaping sangane Ilmu ngudaneni Muhal Jahlun bodo artine 10. Sepuluh Hayat urip sejati Muhal Mautun mati Gusti 11. Sewelas Sama midanget artine Muhal Somamun budek maknane 12. Ping rolas Bashor ningali nyoto Muhal Ama artine wuto 13. Telulas Kalam ngendiko artine Muhal Bukmun bisu maknane 14. Pat belas Qodiroh kuasa Gusti Muhal Ajizan apes Gusti 15. Limolas Muridan Alloh kang kerso Muhal Karihan Alloh kapekso 16. Nembelas Aliman ngudaneni Gusti Muhal Jahilan bodo Gusti 17. Pitulas Hayyan urip Gusti Muhal Mayyitan mati Gusti 18. Wolulas Samian midanget Gusti Muhal Asommu budek Gusti 19. Songolas Bashiron Alloh ningali Muhal Ama Alloh ora ningali 20. Rong puluh Mutakalliman Alloh ngendiko Muhal Abkamu Alloh ora ngendiko Wenange Alloh mung siji Agawe mumkin tinggal prayogi Wajibe Rosul papat sifate Kang dihin Siddiq bener dawuhe Ping pindo Amanah kapercoyo tindake Ping telu Tablig anekak ake Muhal ing Rosul papat sifate Muhal Kidzib goroh dawuhe Muhal Khiyanah cidro tindake Muhal Kitman

You might also like