You are on page 1of 6

LAYANG SAKA IBU kutha surabaya ndadekake kowe lali marang kuthamu dhewe ngawi sing saben malem

setu legi nanggap wayang ana pendhapa bupati kowe mono bocah sing seneng penekan ana wit-witan wetan omah ngundhuh dhondhong utawa pelem karo nembang gajah-gajah kadhangkala mbokya muliha cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah kanggo budhal menyang Mekkah kutha surabaya ndadekake kowe lali kayadene laline wong kang nepi sabanjure, dina kuwi uga aku mulih menyang kutha ngawi, mumpung isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu

KELANGAN TEMBANG KASMARAN angin segara tansah nyuwara kayadene tembang asmaradana swarane endah ana talinganku keprungu nanging ana apa tembang kang endah swarane kuwi sirna. ilang kaya dipangan bethara kala ana prau-prau nelayan isih tetep setya tuhu nunggu wengi ngenteni angine kang arep nglakokake praune ana tengah segara golek iwak, ngupaya upa sadina-dinane angin segara kaya tumeka maneh tembang asmaradanane keprungu nyleneh apa aku wis kelangan tembang kasmaran merga sliramu ilang ana sisihan

MANUK BELUK manuk beluk sing nyuwara wengi iku swarane medeni bocah kang lagi arep budhal turu mbulan ana ing tawang kayadene melu susah krungu swara iku lintang-lintang ora metu amarga swara beluk swara manuk apa bener, swarga manuk beluk iku ndadekake atiku uga melu kisruh? wengi wis sepi nyenyet ati lan pikirku mampet

PUNGKASANE TAUN IKI swara-swara trompet kang cemrowet ing malem taun baru kayadene swara jerit, ndadekake kupingku pengin dakjahit amarga swarane kaya setan mbrebegi talingan pungkasane taun apa ndadekake wong-wong terus lali marang dina kang wis wengi ana pungkasane taun iki apa ora luwih becik ana omah wae utawa ana mesjid memuji marang Gusti ndonga kanggo dina mburi

KUTHA SURABAYA ana ing mangsa ketiga apa sing daktulis babagan kutha surabaya mung ana panas lan sumuk ing swasana sadina-dina dina-dina liwat urip mung anane grusa-grusu sarwa kesusu. panggonane urip kayadene sempit. yen ora oleh kasebut kajepit wayah awan panase panas tenan ana kene. ewadene wayah wengi ora kalong panase. sumuk akeh nyamuke surabaya ing mangsa ketiga apa sing dakimpekake ora ana tumuse

WANCI DALU wengi wis sepi nglangut ana swara manuk beluk nambah mamringe wanci dalu swara kenthong titire rondha keprungu saka kadohan katon ngaluk-aluk wanci dalu mbulan ndadari katon asri nengsemake ati kaya ayune kenya ana televisi sing dadi penyanyi dekwingi kanyata omahe kenya iku mung tanggaku, prenahe ana mburi omahku Canggu, 2003

aming aminoedhin

aming aminoedhin NDHUK ANAKKU WADON * mira aulia alamanda ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe dadi wong wadon iku kudu

suci uni, suci rupi, lan suci ati amarga donya wis menehi tandha akeh wong wadon lambene bengak-bengok akeh wong wadon matane plerak-plerok akeh wong wadon aten-atene bosok lungguh methothok mlaku ora ndedelok kabeh iku aja mbok tiru, anakku ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ika mbulan ora werna abang mbranang lintang-lintang ora gelem gumebyar lan srengenge kaya ngece-ece mula iku omonga sing apik dandana sing resik mlakuwa sing becik ing ngalam donya ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe goleka dalan swarga liwat tetep madhep lan manteb terus dhedhepe marang Gusti

Aku ngerti ing raga aking kuwi sumimpen Ati kang subur

TANPA MRIPAT tansaya akeh manungsa ajak-ajak dalan bener tansaya luwih akeh manungsa ngaurip kelangan angger-angger donya wis kebak manungsa keblinger amarga lali marang dalan swarga amarga weruh rajabrana angiler nganti lali numpuk bandha tan kira-kira apa donya wis nyedhaki kiyamat apa aku lan kowe tanpa mripat? LAYANGAN kayadene layangan ana ing tawang awakku kagoyang-goyang sing ditali benang nanging ati kebimbang layangan iku pedhot tiba ngleyang embuh nyang endi parane aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe kayadene layangan kang pedhot atiku sumedhot, ninggali benange kang ruwet diudhari angel lan njlimet ati lan pikirku ruwet WULAN PASA

KEMBANG KUNING

Sajroning taman Mung ana sepi Sepi ing ati,sepi ing swasana Bangku werna coklat tuwa meneng Kembang kuning tansah anteng Swara angin nambahi angleng Kembang kuning Endahmu merak ati UDAN KRINGET ING ALAS JATI Apa kowe ngerti sepiku? Udan kringet ing alas jati Tak tinggal ya? Barisan sikil-sikil tumata rapi Entenana ! Swarane batinmu kang ajeg sareh nampani Sesuk aku nyang taman iki takdir kuwi Aja lunga. Dhuh paman, sing dadikake merine atiku Marang sliramu, aku pengin maguru Udan kringet ing alas jati Nalika srengenge manjer dina Swarane manuk-manuk dadi pangiring Oo, Paman

ing wulan pasa, wong-wong padha ngluwihi impene ing wengi sregep menyang mesjid taraweh sabanjure sabanjure akeh uga wong-wong kang weweh kandhane wulan pasa iki wulan apik LAYANG SAKA IBU gaweya laku sing becik ing wulan pasa mono panggonane palagan palaganing hawa nepsune dhewe-dhewe wani perang ing palagan, artine kudu wani mbuwang laku goroh laku mbotoh ing wulan pasa aku lan kowe kudu cedhak marang Gusti, lan tumindak apik, kayata ngaji lan salat wengi ANGIN SUMILIR angin sumilir ing kampungku ana antarane godhong-godhong tebu gemrisik adhuh isise, adhuh segere dene srengenge abang mbranang saka kulon katon nyenengake angin sumilir ing kampungku sore iki nggawa layangan mumbul dhuwur kayadene nggawa angen-angenku melu mumbul ing tawang nggayuh lintang-lintang angin sumilir ing kampungku sore iki ngajak bocah-bocah ngundha layangan dhuwure ngluwihi angen-angene kutha surabaya ndadekake kowe lali marang kuthamu dhewe ngawi sing saben malem setu legi nanggap wayang ana pendhapa bupati kowe mono bocah sing seneng penekan ana wit-witan wetan omah ngundhuh dhondhong utawa pelem karo nembang gajah-gajah kadhangkala mbokya muliha cerita babagan rejeki sing tumpah-ruah kanggo budhal menyang Mekkah kutha surabaya ndadekake kowe lali kayadene laline wong kang nepi sabanjure, dina kuwi uga aku mulih menyang kutha ngawi, mumpung isih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu KELANGAN TEMBANG KASMARAN angin segara tansah nyuwara kayadene tembang asmaradana swarane endah ana talinganku keprungu

nanging ana apa tembang kang endah swarane kuwi sirna. ilang kaya dipangan bethara kala ana prau-prau nelayan isih tetep setya tuhu nunggu wengi ngenteni angine kang arep nglakokake praune ana tengah segara golek iwak, ngupaya upa sadina-dinane angin segara kaya tumeka maneh tembang asmaradanane keprungu nyleneh apa aku wis kelangan tembang kasmaran merga sliramu ilang ana sisihan

KELANGAN TEMBANG KASMARAN angin segara tansah nyuwara kayadene tembang asmaradana swarane endah ana talinganku keprungu nanging ana apa tembang kang endah swarane kuwi sirna. ilang kaya dipangan bethara kala ana prau-prau nelayan isih tetep setya tuhu nunggu wengi ngenteni angine kang arep nglakokake praune ana tengah segara golek iwak, ngupaya upa

sadina-dinane angin segara kaya tumeka maneh tembang asmaradanane keprungu nyleneh apa aku wis kelangan tembang kasmaran merga sliramu ilang ana sisihan MANUK BELUK manuk beluk sing nyuwara wengi iku swarane medeni bocah kang lagi arep budhal turu mbulan ana ing tawang kayadene melu susah krungu swara iku lintang-lintang ora metu amarga swara beluk swara manuk apa bener, swarga manuk beluk iku ndadekake atiku uga melu kisruh? wengi wis sepi nyenyet ati lan pikirku mampet

Pagaweyan kantor ngambra-ambra Wis nunggu ora kuwawa Udan riwis-riwis kaya sarujuk Karo atiku. males mlaku Swarane udan riwis-riwis malah Kaya kandha manthuk-manthuk tandha setuju

UDAN RIWIS-RIWIS
Udan riwis-riwis esuk iki Kayadene ngunci sikilku arep lumaku Lumaku njangkah ana pagaweyan lumrah Nanging nyang apa atiku bubrah Dene suku ora gelem lumaku

You might also like