You are on page 1of 1

WARA-WARA

Wara-wara minangka sawijining wujud ngalantarake kabar/informasi kanggo menehi ngerti marang
masarakat. Cara nglantarake bisa kanthi sarana layang, lisan lan bisa kanthi awujud medhia elektronik.
Wujude wara-wara bisa katitik kaya ing ngisor iki:
1; Basane komunikatif, tegese ora ngayawara cukup apa perlune wae, nganggo tetembungan kang
prasaja supaya gampang ditampa dening sapa wae kang ngrungokake utawa kang maca.
2; Isine ringkes, tegese ngemu kang penting wae. Perangan kang ora penting prayogane ditinggal wae.
3; Perangane genep, tegese sanadyan ringkes nanging genep.
Wara-wara kudu bisa mangsuli pitakon ing ngisor iki:
1; Apa (kang dadi inti prastawa mau)
2; Sapa (kang dadi inti wara-wara)
3; Kena apa (paraga ini mau nganti bisa ngalakoni kedadeyan kaya ngono)
4; Ing ngendi (inti wara-wara mau dilampahi)
5; Kepriye (carane nindakake pagaweyan mau)
6; Pitakon liya miturut jinise wara-warane mau.
Kang kalebu jinise wara-wara umpamane:
1; Lelayu, yaiku wara-wara kang isine ngabarake babagan kesripahan utawa tilar donya.
2; Spanduk yaiku wara-wara kang ditulis ana ing kain dawa sing isine nampilake simbol, logo, slogan
utawa pesen.
3; Serat sedhahan
4; Pamlet lsp
Perangane wara-wara:
1; Irah-irahan (judul)
2; Adangiyah (Salam Taklim)
3; Pambuka
4; Surasa basa ( Isi)
5; Wasana basa / Panutup
6; Papan lan titimangsa
7; Peprenahan (Jabatan)
8; Tapak asma
9; Asma terang
Tuladha/conto wara-wara:
WARA-WARA
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun
piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing
dinten : Setu Legi,
surya : 27 Mei 2016
Para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
Wates, 22 Mei 2016
Waka Humas,
ttd
Hadi Sucipto

Latihan/gladhen:
Saka tuladha wara-wara ing dhuwur wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Wara-wara iku katujokake kanggo sapa ?
2. Saka sapa wara-wara mau?
3. Apa isine wara-wara mau ?
4. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
a.
nggrengsengake
b.
kabyawarakake
5. Kepriye panemumu saka wara-wara ing dhuwur mau ?

You might also like