You are on page 1of 2

Assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh

Alhamdulillahi rabbil 'alamiin, nahmaduhu wa nasta'inuhu wa nastaghfiruh wa na'udzubillahi syuruuri anfusinaa wa min
sayyi'aati a'maalinaa man yahdillahu falaa mudhillalah wa man yudhlil falaa haadiyalah. Asyhadu anlaa illaha illaallaah
wa asyhadu anna Muhammadan abduhu wa rasuuluh.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning
kautaman ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang
dhahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, Gusti ingkang murbeng
dumadi, mugi kasarasan, kawilujengan, katentreman tansah kajiwa lan kasarira dhumateng panjenengan sedaya
hangluberana dhumateng kawula.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa
hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben sekeca wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti
jejibahan luhur, kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. .........................................
sekalihan.

Panjenenganipun Bp. ............................. sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan. Kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ......................... sekalihan, ingkang sepisan;
ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga sedayanipun.

Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan bilih ing
antawisipun Bp. ............................... sekalihan hanggadhahi putra kakung
kekasih pun Bg. ............................... kaliyan Bp. ............................ sekalihan
garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya siwi sesilih Rr.
................................... Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken
balung pisah daging arenggang, bebasan ngembun-embun enjang
anjejawah sonten, ndhodhog latar, ndhodhog lawang sumedya nginang
jambe suruhe. Kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun
pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang
punika saking agenging manah panjenenganipun Bp. .......................
sekalihan anggenipun katampi panglamaripun, pramila ing kalenggahan
punika ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara
salaki rabi.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ................... sekalihan garwa inggih punika;

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya ndadosna sarana sahipun
sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saget pisah salami-laminipun.

Kasoking katresnan Bp. ..................... sekalihan dhumateng Bp. ............................. sekalihan garwa, ing mriki badhe
ngaturaken malih ageman ingkang awujud ............................., ing pangajab pinangka agemanipun calon penganten
putri.

Mboten kekilapan Bp. ................................. sekalihan ngaturaken redana awujud arta, kenginga damel ngentheng-
enthengi anggenipun Bp. .............................. sekalhan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh
hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bp. ...................... sekalihan, ing benjang menawi
sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami
miwah adat widhididana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. ...................... sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti
wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih
sarira saking panjenenganipun Bp. .................. sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging
suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula nyuwun shing samodra pangaksami.

Akhiru kalam, billahi taufik wal hidayah


Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

You might also like