You are on page 1of 1

SULTAN HAMENGKUBUWANA V

Asma jangkepipun Sri Sultan Hamengkubuwana V inggih menika Gusti Raden Mas Gathot Menol
putranipun Gamengkubuwana IV ingkang nomer enem,mios wonten ing 24 Januari 1820 saking
permainsuri Gusti kanjeng Ratu Kencono.Hamengkubuwana V kagungan gelar pangeran mangkubumi lan
pikantuk pangkat Letnan Kolonel wonten ing warsa 1839 lan kolonel wonten ing warsa 1847 saking
pamerintah Hindia Belanda.Sultan Hamengkubuwana V wiwiti nata saking yuswa 3 taun.

Hamengkubuwana gadhahi sesrawungan kaliyan Hindia Belanda wonten ing pandeganipun


Kerajaan Belanda kangge damel taktik perang pasif,saperlu ngawekani dumados paprangan ageng.

Kabijakan saking pamrintah Hamengkubuwana V menika mboten dipunsarujuki kanthi para abdi
dalem lan rayinipun Sultan Hamengkubuwana V, inggih menika Gusti Raden Mas Mustojo
(samangkihipun minggah nata kanthi gelar Hamengkubuwana VI). Sedoyo pamanggih bilih tumindak
saking sultan menika damel ingsem bebrayan Kuta Ngayogyakarta, satemah panyengkuyung kagem
Sultan Hamengkubuwana V menika kirang, lan kathah ingkang mihak rayi sultan kagem nggantosaken
sultan kanthi gelar GRM Mustojo. Kawontenan menika nguntungaken GRM Mustojo sesampunipun kasil
dhaup kaliyan putri Kesultanan Brunai lan dadosaken raketing paseduluran kaliyan Kesultanan Brunai.
Kakuasaan Sultan Hamengkubuwana V samsoyo kajepit satemah wonten konflik ing saklebetipun
keraton ingkang ngalibataken garwa kapng 5 sultan, Kanjeng Mas Hemawati. Sri Sultan
Hamengkubuwana V namung angsal panyengkuyung saking rakyat ingkang ngrasakaken pamerintahan
ingkang aman dan tentrem saklaminipun masa pamerintahanipun sultan.

Sri Sultan Hamengkubuwana V seda ing warsa 1855 wonten ing peristiwa ingkang mboten
kathah dimangertosi tiyang, lan kasebat "pati dening kinasih". Sri Sultan Hamengkubuwana V seda
amargi dipun tikam kaliyan garwa seliripun inggih menika Kanjeng Mas Henawati, ingkang dumugi
samenika mboten dimangertosi menapa sebabipun.

Sri Sultan Hamengkubuwana V kagungan gelar Sinuhun Menol. Tiga wulan sesampunipun Sri
Sultan seda, garwa padmi Sri Sultan Hamengkubuwana V ugi seda amargi gerah. Salajengipun
palenggahan Sri Sultan Hamengkubuwana V dipungantosi kaliyan rayinipun ingkang seibu, inggih menika
Gusti Raden Mas Mustojo, kanthi gelar Hamengkubuwana VI.

You might also like