You are on page 1of 4

DOLAN MENYANG SAWAH

Selasa kae aku ngajak kanca kanca dolan menyang


sawah dino minggu amarga tugas tugas sekolah akeh lan
bocah bocah podo budrek mergo iku aku ngajak bocah
bocah dolan Dina minggu sore aku karo kanca kancaku
bocah telu dolan menyang sawah sing cedak omahku ing
desa Mojoroto. Kanca kancaku jenenge enek Eko, Edo,
karo Danang. Budale nyang sawah bareng bareng numpak
sepeda pancal.Budal menyang sawah aku bocengan karo
Eko, Edo boncengan karo Danang. Ing dalan bocah bocah
pada guyon amarga ning sekolah Edo salah nggarap pr
sing kudune deweke nulis B Jawa ning papan malah Nulis
IPA.Sawahe ing Mojoroto ombo pol ning sawah iku uga
enek lapangan sing ombo biasane lapangan iku digawe bal
balan karo wong kampung,digawe layangan lan digawe
lomba balpan dara. Ning sawah niate dolan karo
ngumbulne layang layang, mergo pas usum dolanan
layang layang karo anginne pas banter saliyane layangan
Aku lan kanca kanca uga balapan sepeda. Sawah sing tak
parani jembar ora ono parine mergo sakwise,
dipaneni,mangkane bocah bocah seneng iso ngumbulke
layangan tanpo ono alangan. Saka omah aku nggowo
layangan kabehe loro siji kanggo aku sijine kanggo
Danang, konco sing liyane bagian nyekeli benang.

Layang layang wis podo diumbulne, atiku seneng


mergo layanganku iso ngumbul duwur. Kanca kanca iyo
podo seneng, layanganku lan layangan Danang sambitan
ning duwur. Akhire layanganku sing kalah pedot lan
ceblok ning kadohan. Eko ngewangi aku nggulung
benang, Danang isih terus ngumbulke layangan mergo
nggone deweke ora pedot, Sawise nggulung aku lan Edo
nggoleki layangaku sing wes pedot. Ganti Danang setitik
titik layangan deweke ugo diudokake sampek layangan
medon lan benang ugo wis digulung. Sakwise mari kabeh
barang barang diringkesi kabeh dolan menyang lapangan
cedak sawah kanggo balapan sepeda.Aku balapan karo
Edo,aku ngayuh pedah cepet banget tapi Edo uga luwih
cepet, akhire aku kalah karo Edo gantian Danang lan
Eko,akhire Eko sing menang sawise balapan kabeh ngos
ngosan lan leren ning pinggir lapangan cedak sawah,
sawise iku aku ngajak menyang kali, kaline iku resik tenan
akeh iwak urip ing kali iku, banyune kali pancen seger
tenan lan ira nggarai gatel , aku lan kanca kanca pada teles
telesanm, yo iki dolanan e bocah bocah sadurunge ana hp,
dolanan jaman biyen pancen seru akeh kancane ora kaya
jaman saiki akeh bocah dolanan hp terus sampe lali wektu
lan mbantah perintah wong tuwa. Kabeh pada luwe aku
ngajak kanca kanca ngombe lan mangan ning Warung
Tengah Sawah (WTS), ning warung iku akeh macem
macem ombe lan panganan, ombene enek es teh,es
campur,es buah,es jeruk,es sirup, es blewah, es tebu lan
akeh liyane uga enek panganan e yaiku sego ayam
penyet,sego goreng,soto ,rawon, sego goreng,pecel,
tumpang lan akeh maneh ing warung kuwi opo wae enek.
Sawise mangan bocah bocah podo muleh mergo wis arep
nyedaki magrib.Sakdurunge mulih aku lali dalan mulih,
bocah bocah pada bingung amarga wes bengi, akhire aku
lan Edo takok menyang petani, sawise takok aku lan kaca
kanca ku mulih. Muleh menyang omahku ugo numpak
sepeda pancal lan boncengan. Sampek omahku barang
barang gawananku didukne ning garasi omah, karo
pamitan bapak lan ibuku. Sakwise kanca kanca muleh aku
ugo mlebu omah ados sawise iku nerusake garapan sing
kanggo sekolah sesuk. Sawise kabeh garapan bar, aku
nyritakne dolan ning sawah mau marang bapak lan ibuk
ku bebarengan ndelok tv. Dolan menyang sawah memang
dolanan paling seru

Cukup sakmene critaku karo kanca kanca dolan menyang


sawah.

You might also like