You are on page 1of 10

1.

Supados satunggaling tiyang anggenipun micara utawi gineman saged selaras kaliyan
unggah-ungguhipun kedah nggatosaken....
A. sinten ingkang dipunajak gineman
B. sinten ingkang dipunginemanaken
C. sinten ingkang badhe dipunpanggihi
D. sinten ingkang midhangetaken gineman
E. sinten ingkang wonten ing papan nalika gineman

2. Tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama kasebat....


A. tanggap wacana
B. unggah-ungguh
C. undha-usuk
D. tata krama
E. tata cara

3. Dhawahing swanten vokal wonten ing pungkasanipun gatra kasebat....


A. guru lagu
B. guru swara
C. guru wilangan
D. guru gatra
E. guru basa

4. 5 gatra, 12u, 8i, 8u, 8i, 8o, menika paugeranipun tembang....


A. Maskumambang
B. Asmaradana
C. Megatruh
D. Kinanthi
E. Mijil

Kagatosna pawartos ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 5 -


6!
Wakil Kabupaten Sleman Dibiji Tim Adhikarya Pangan DIY

Tim Penilai Adhikarya Pangan Nusantara Tingkat DIY Taun 2014 Kemis kepungkur
wiwit mbiji wakil seka Kabupaten Sleman. Kanggo wakil Kabupaten Sleman ana 10 nominator
kang arep dibiji. Ing antarane yakuwi Bupati Sleman Drs. H. Sri Purnomo minangka Pembina
Ketahanan Pangan Kabupaten Sleman. Dene 9 kelompok liyane yakuwi; Kelompok Tani Ternak
Sedyo Makmur Ngemplak I, Umbulmartani, Ngemplak. Pelayanan Penyuluh Lapangan Drs.
Wahyu Bawono, BSc.. Ketua KPI Mino Ngremboko Bokesan, Sindumartani, Ngemplak, Bapak
Saptono. Kanggo kategori Pengampu lan Pelayanan Pengawas yakuwi Ir. Indah Lestari.
Terus Gapoktan Agro Jogotirto Mandiri Candibang, Berbah. Kepala Desa Desa
Sendangtirto, Berbah, Ratna Prawira, S.E. minangka Pembina Ketahanan Pangan Tingkat Desa.
Kelompok Wanita Tani Krido Wanita Berbah. Dene Prof. DR. Ir. Mashuri, M.Sc. minangka
kategori peneliti.

(Kapethik saking Djaka Lodang No. 16, 20 September 2014 kaca 44 kanthi ewah-
ewahan sawetawis)

5. Nominator ingkang badhe dipunbiji dening Tim Penilai Adhikarya Pangan Nusantara
Tingkat DIY Tahun 2014 wonten....
A. 6 nominator
B. 7 nominator
C. 8 nominator
D. 9 nominator
E. 10 nominator

6. Kelompok Tani Ternak Sedyo Makmur manggen wonten ing Desa....


A. Tamanmartani
B. Umbulmartani
C. Sindumartani
D. Bimomartani
E. Selomartani
Kagatosna pethilan geguritan ing ngandhap menika kangge mangsulu pitakenan
nomer 7 - 8!
Pepalang ing Kaliurang
Dening: Sinar Indra Krisnawan

Crita asmara isih dawa


Rinonce nalika pepancangan
Ana ing erenging Kaliurang
Saiki ilang kabuncang tanpa rowang
Sowang-sowang
Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri
Nalika srengenge nggege tekane
Sandyakala, pindha ketemu eseming kenya ngancik remaja

....
....
....

7. Tembung sowang-sowang wonten ing geguritan kasebat tegesipun....


A. piyambak-piyambak
B. sareng-sareng
C. kapan-kapan
D. enjang-enjang
E. setunggal-setunggal

8. Tembung sandyakala wonten ing geguritan kasebat tegesipun....


A. wanci sonten
B. wanci siyang
C. wanci enjing
D. wanci subuh
E. wanci surup

9. Paraga ingkang badhe sesorah kedah saged ngatur lirih soranipun, alon cepetipun,
andhap inggilipun swanten. Ateges paraga sesorah kedah nggatosaken....
A. wicara
B. wiraga
C. wirasa
D. wirama
E. wibawa

10. Paraga ingkang badhe sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhe
dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau dipun
ngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak. Ateges paraga sesorah ngginakaken
metode....
A. maos naskah
B. ekstemporan
C. campuran
D. impromtu
E. apalan

Kagatosna cariyos pengalaman ing ngandhap punika kangge mangsuli pitakenan


nomer 11-12!
Diboncengi Wong Edan

Iki kedadean temenan lan dak lakoni dhewe. Jan yen nasib lagi apes, apa dadi
pratandha oleh rejeki. Ya ora reti. Aku diboncengi wong wadon, mbuh wong edan apa wong
ngamen, ora jelas. Sing cetha ing pinggir dalan, wong wadon mau menganggo lusuh lan nggawa
botol plastik aqua kosong.
Critane watara rong minggu kepungkur, aku antuk tugas menyang kantor kecamatan
Banguntapan saperlu nekani saraserah hari jadi Kabupaten Bantul kaping 183. undhangan
sarasehan jam wolu bengi. Gandheng saka omahku klebu rada adoh, aku mangkat watara jam
pitu luwih limalas menit.
Tekan prapatan Druwo, Jl. Parangtritis ngepasi lampu abang. Dadi ya kudu mandheg nadyan
rada tengah merga sing mandheg ya akeh. Satleraman nalika mandheg mau, aku meruhi ana
wong wadon ing pinggir dalan nyekeli botol aqua kosong. Mbokmenawa wong edan utawa wong
lagi ngamen, ora ngerti.
Nalika lampu ijo murup, alon-alon kendharaan padha mlaku. Lha nalika arep lekas mlaku
mau, rumangsaku ban motor kok krasa ana sing ndudul-ndudul saka mburi. Motor ya banjur dak
lakokake. Ning kok ing boncengan krasa nggedhandhul. Bareng dak toleh, lho jebul wong wadon
sing ngadeg ana pinggir dalan mau ngerti-ngerti mbonceng aku. We lha nekad tenan wong iki,
banjur dak sentak ra gelem mudhun dak terke nang kantor polisi. Tekan prapatan sisish wetan
banjur dak kon mudhun.
Wah mbokmenawa wong-wong sing weruh aku diboncengi wong wadon kuwi mau,
padha mbatin. Wong iki, kangsenane kok wong edyan ya. He..he.. (BN, Bangunharjo).

(Kapethik saking Djaka Lodang No. 16, 20 September 2014 kaca 34)

11. Cariyos punika kadadosan wanci....


A. siyang
B. sonten
C. enjang
D. ndalu
E. surup

12. Cariyos punika kedadosan wonten....


A. Kantor Camat Banguntapan
B. Kantor Bupati Bantul
C. Jl. Parangtritis
D. Kantor Polisi
E. Jl. Bantul

13. Satunggaling pranatacara rikala ngayahi jejibahanipun langkung prayogi menawi


ngginakaken basa ingkang lugas (komunikatif) saha basa ingkang trep kaliyan
panganggenipun. Ateges pranatacara kedah nggadhahi ketrampilan babagan....
A. olah jiwa
B. olah swara
C. olah basa lan sastra
D. olah busana
E. olah raga

14. Pranatacara kedah luwes saha boten ingah-ingih, ateges pranatacara kedah gladhen
olah raga ingkang kasebat....
A. malaksana
B. mawwat
C. magatra
D. mawastha
E. matanggap

15. Teknik analitik kangge nggambaraken watak setunggaling paraga cerkak inggih
punika....
A. nggambaraken lingkungan anggenipun gesang paraga
B. nggambaraken bab badan saha tindak-tandukipun
C. basa ingkang kaginakaken paraga
D. cara anggenipun mikir saking paraga
E. kagambaraken kanthi langsung dening panyerat

16. Prekawis wonten ing cerkak sekedhik mbaka sekedhik samoun saged dipunlampahi,
raos sumelang ugi sampun wiwit ical punika kalebet tataran alur cerkak ingkang kabat....
A. antiklimaks
B. pengantar
C. alur maju
D. klimaks
E. resolusi

17. Pamanggih ingkang sifatipun subyektif ngengingi salah satunggaling prekawis ingkang
dipunolah dados seratan kasebat....
A. pawartos
B. resensi
C. feature
D. kolom
E. opini
18. Jinising seratan ingkang wosipun nggambaraken kawontenaning barang, swasana,
kedadosan, lan sanes-sanesipun, satemah ingkang maos kados mirsani piyambak
kados dene ingkang dipungambaraken kasebat....
A. argumentasi
B. eksposisi
C. deskripisi
D. persuasi
E. narasi

19. Serat ingkang isinipun cekak, aos, punapa perlunipun kemawon kasebat....
A. serat iber-iber
B. serat lelayu
C. serat niaga
D. serat kitir
E. serat ulem

20. Wosipun serst utawi kekajenganipun serat kasebat....


A. wasana basa
B. surasa basa
C. satata basa
D. adangiyah
E. purwaka

21. Syair, tetembungan ingkang dipunginakaken wonten ing tembang kasebat....


A. senggakan
B. sindhenan
C. cegkok
D. cakepan
E. irama

22. Gamelan ingkang jangkep nanging namung setunggal laras, laras slendro utaawi laras
pelog kemawon kasebat....
A. saperangkat
B. setunggalan
C. saperangan
D. sapangkon
E. sapangku

23. Kesenian Jawa tradisional ingkang ngginakaken basa Jawa, lampahing cariyos saking
sejarah ngantos cariyos fantasi ingkang binuka tembang-tembang ingkang endah, sarta
busana ingkang kasalerasaken kalihan lampahing adegan lan cariyos asring kasebut...
A. Ludruk
B. Srandhul
C. Kethoprak
D. Emprak
E. Jathilan

24. Pembabagan, pengadegan saha aspek-aspek sanes ingkang magepokan kalihan


kabetahan lakon ingkang kaserat utawi mboten adhedhasar cariyos asring kawastanan...
A. paraga
B. dialog
C. lakon
D. pasuryan
E. tetabuhan

25. Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet fungsi kethoprak ing madyaning bebrayan
inggih menika...
A. Kethoprak sampun ketinggalan jaman
B. Komunikasi dua arah lan fleksibel
C. Ngginakaken basa lokal
D. Media tradisional gampil dipuntampi
E. Trep kalihan budaya ingkang wonten kanthi paring hiburan
Andharan ing ngandhap punika kangge mangsuli pitakenan nomer 26.

ADEGING SINGASARI

Patih Mahesa Wungkul : Gusti prabu katingal legeg pinten-pinten dinten boten
ngawontenaken pasewakan agung lan boten kersa paring dhawuh
punapa darunanipun manawi saged kapireng ing akathah ugi
kawedaka punapa ingkang damel judheging panggalih

Mahesa Geni : Gusti prabu, menapa kula nandhang lepat manawi pancena makaten
kula sagah nampi pidana menapa ingkang badhe kapatrapaken
dhumateng kawula.

Gusti prabu katingal legeg pinten-pinten dinten boten ngawontenaken pasewakan agung lan
boten kersa paring dhawuh punapa darunanipun manawi saged kapireng ing akathah ugi
kawedaka punapa ingkang damel judheging panggalih

26. Tembung legeg nggadhahi teges...


A. jalaran
B. kendel kemawon
C. konangan (kaweruhan)
D. sare kemawon
E. remen sanget

Gusti prabu katingal legeg pinten-pinten dinten boten ngawontenaken pasewakan agung lan
boten kersa paring dhawuh punapa darunanipun manawi saged kapireng ing akathah ugi
kawedaka punapa ingkang damel judheging panggalih

27. Tembung daruna menika mengku teges...


A. jalaran
B. kendel kemawon
C. konangan (kaweruhan)
D. sare kemawon
E. remen sanget

28. manawi saged kapireng ing akathah ugi kawedaka punapa ingkang damel judheging
panggalih.
Tembung ingkang kacithak miring nggadhahi teges...
A. jalaran
B. kendel kemawon
C. konangan (kaweruhan)
D. sare kemawon
E. remen sanget

29. Saperangan ageng, saben kompleks pangajeng, wonten latar wiyar ingkang katutup
gesik saking segara kidul, dene bangunan pangajeng lan sanesipun wonten ingkang
dipuntanemi maneka warna tetaneman. Kompleks satunggal lan sanesipun pinisah
dening tembok ingkang langkung inggil, lan sinambung kalihan regol kanthi corak ...
A. Cakra Semar
B. Semar Ngejawantah
C. Cakra Manggilingan
D. Semar Tinandhu
E. Semar Mesem

30. Joglo ingkang payonipun ngginakaken tutup saking sirap, gendheng lempung utawi seng
ingkang keliripun abrit utawi klawu lan tinarbuka tanpa aling-aling sinebat...
A. Sri Manganti
B. Siti hinggil
C. Saka guru
D. Gedhong
E. Bangsal

31. Dene papan ing siring wetan sisih kidul tratag Pagelaran ingkang rumiyin dipunginakaken
Sultan kangge nglantik pepatih dalem ingkang sakmenika dipunrenggani kanthi ukiran
perjuangan Sri Sultan Hamengkubuwana I lan Sri Sultan Hamengkubuwana IX sinebat...
A. Bangsal Siti Hinggil Lor
B. Bangsal Pagelaran
C. Bangsal Pengrawit
D. Sepasang Bangsal Pamandengan
E. Sepasang Bangsal Pasewakan/ Pengapit

32. Papan ingkang nggadhahi fungsi minangka regol pangajeng kangge mlebet ing komplek
kraton kawastanan...
A. Gladhag – Pangurakan
B. Sri Manganti
C. Kedhaton
D. Kamagangan
E. Kamandhungan Kidul

33. Gerbang ingkang dipunginakaken minangka rute medalipun prosesi pametaking layon
Sultan dhateng Imogiri ingkang kala rumiyin ugi kaginakaken dening Sri Sultan HB I
mlebet wonten ing kraton Ngayogyakarta nalika pindahing pamarentahan saking
kedhaton Ambar Ketawang inggih menika...
A. Kedhaton
B. Kamagangan
C. Plengkung Nirbaya
D. Alun-alun Kidul
E. Alun-alun Lor

34. Ubarampe wujud nam-naman ron klapa, padatan dipun pasang ing nginggil kori ngajeng
lan ing tengah antawisipun tuwuhan kawastanan...
A. Sajen
B. Bleketepe
C. Tuwuhan
D. Tarub
E. Sanggan

35. Ron sedhah kaisi sekar , kapur, gambir lan mbako werni cemeng ingkang katali lawe
pethak kanthi cara dipunlinthing cacah 7, kangge prosesi panggih dipunwastani...
A. Gantal
B. Kain bathik lan kebaya
C. Arta (tukon)
D. Semekan/ selendhang
E. Mas-masan

36. Upacara sasampunipun jabang bayi lair minangka wujud raos syukur dipunwastani...
A. Mendhem ari-ari
B. Sepasaran
C. Dhautan
D. Selapanan
E. Brokohan
37. Juru rias prayoginipun siam rumiyin saderengipun ngrias calon penganten putri. Bab
kalawau mengku teges...
A. Supados juru rias katingal ayu sumunar
B. Supados juru rias mboten kalah ayu kalihan calon penganten putri
C. Supados calon pengantenipun trenyuh dhumateng juru rias
D. Tiyang Jawi pitados bilih kakiyatan lan karesikan batinipun juru rias badhe
ndadosaken calon penganten katingal ayu sumunar
E. Supados juru rias ugi katingal alit merit kados calon penganten putri
38. Ingkang kalebet sandhangan swara ingih punika....
A. h
B. /
C. \
D. =
E. u

39. Ingkang kalebet sandhangan sesigeg inggih punika....


A. h
B. i
C. e
D. ]
E. u

40. Adeg-adeg (?) ginanipun kangge....


A. nyerat koma (,) wonten ing tengahipun ukara menga
B. nyerat titik (.) wonten ing pungkasaning ukara menga
C. kangge miwiti nyerat ukara alinea utawi paragraf
D. kangge miwiti pada utawi pupuh tembang
E. kangge nyerat angka Jawa

41. Rega lenga lekas mundhak.


Ukara ing nginggil menawi kaserat ngangge aksara Jawa dados....
A. ?reg2zleksM|nDk\.
B. ?reglezleksM|nDk\.
C. ?xg2z2ksM|nDk\.
D. ?xg2zleksM|nDk\.
E. ?xglezleksM|nDk\.
42. Makna aksara jawa da, ta, sa, wa, la inggih menika...
A. Wekasanipun kekalih abdi dalem Ajisaka dados bathang (mati)
B. Kekalihipun sami-sami kagungan kadigdayan
C. Sami kiyatipun kekalih abdi dalem Ajisaka
D. Kekalihipun abdi dalem Ajisaka anunten sami kekerengan (gelut)
E. Wonten kalih utusan saking Ajisaka, kapurih njagi keris pusaka

¥¡¦pitutu/bene/aiku
syekTi[napnTesTiniru
nf-nMetuski= [wo=suf]p[pki
lmunBecikWurukKipun\
aikupanTesSira=[go¥¡¦
43. Irah-irahan seratan ing nginggil inggih menika... Belummmm jelas yaaa
A. Durma
B. Gambuh ( u u i u o)
C. Megatruhu (u i u i o)
D. Pocung
E. Asmaradana

44. Andharan ingkang dipun rembag ing waosan nginggil inggih menika...
A. Pitutur becik menika boten kedah dipun tiru
B. Pitutur ala menika pantes dipun tiru
C. Pitutur ala menika kedah dipun gladhi
D. Pitutur becik menika pantes dipun tiru
E. Pitutur becik menika boten perlu dipun tiru

45. Ingkang pantes dipuntiru menika...


A. Pitutur ala
B. Pitutur becik
C. Pitutur ingkang mboten sae
D. Pitutur ingkang mboten becik
E. Pitutur ingkang saged damel keblinger
Kagatosna andharan ing ngandhap punika kangge mangsuli pitakenan nomer 46 -
48!

Amenangi jaman edan,


ewuh aya ing pambudi,
melu edan ora tahan,
yen tan melu anglakoni,
boya kaduman melik,
kaliren wekasanipun,
dilalah karsa Allah,
begja-begjane kang lali,
luwih begja kang eling lawan waspada.
46. Andharan ing nginggil kalebet tembang...
A. Sinom
B. Pangkur
C. Megatruh
D. Asmaradana
E. Dhandhanggula

47. “ Kaliren wekasanipun”


Tembung ‘wekasan mengku teges...
A. Ngatos-atos
B. kekarepan
C. madya
D. wusana
E. wiwitan

48. Manawi dipuntingali saking etimologis, kalatidha punika saking tembung ‘kala’ lan ‘tidha’.
Tembung ‘kala’ mengku teges...
A. ora
B. jaman
C. wekdal
D. wasana
E. mangu-mangu

49. Salah satunggaling pada ingkang kawentar inggih punika ing salebeting sekar Sinom
ingkang nggambaraken “jaman edan”,inggih punika ing pada kaping...
A. Pada 5
B. Pada 6
C. Pada 7
D. Pada 8
E. Pada 9

50. Serat Kalatidha kalebet serat ingkang kawentar. Ing ngandhap punika bab ingkang boten
jumbuh kalihan andharan ing Serat Kalatidha inggih punika...
A. Mujudaken panjangka utawi ramalan jaman ingkang bakal kalampahan
B. Isinipun ngelmu filsafat, pitutur, lan ajaran tumrap manungsa ingkang gesang ing
alam donya
C. Boten cocog dipundadosaken pasinaon ing saben wekdal
D. Basanipun sae lan endah manawi dipunwaos utawi dipunsekaraken
E. Isinipun mentes

F. Kagatosna tembang ing ngandhap punika lajeng kawangsulana pitakenanipun!


Samangsane pasamuan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalane asepi
Lelana teki-teki
Nggayuh geyong aning kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra
a. Kaseratna paugeran tembang ing nginggil punika!
Guru2 nyaa, wilangan Gatra dan laguu
b. Kasebatna nama tembangipun!
Sinommm
1. Ukara wonten ing ngandhap punika kaseratna kramanipun!
a. Nalikane simbah turu, aku lan adhiku budhal mara menyang omahe pakdhe.
b. Wetenge adhiku lara nalika bubar mangan rujak sing ngenehi simbah amarga
kepedhesen.
c. Ibu akon aku tuku gula ana ing warunge Bu Yuli.
d. Layang saka pakdhe wis daknehke simbah sore mau.

2. Kagatosna geguritan ing ngandhap punika lajeng kawangsulana pitakenanipun!

Pepalang ing Kaliurang


Dening: Sinar Indra Krisnawan
Crita asmara isih dawa
Rinonce nalika pepancangan
Ana ing erenging Kaliurang
Saiki ilang kabuncang tanpa rowang
Sowang-sowang
Bumi katon asri nalika ngancik wiwaraning ratri
Nalika srengenge nggege tekane
Sandyakala, pindha ketemu eseming kenya ngancik remaja
Swara manuk oceh-ocehan
Keplantrang ninggal pencokan
Pupus sempal sakabehing sesanggeman
Suwe ngrantu kledhangmu ing delaggung suwung
Sanajan kudu kesandhung
Tumiba ing jurang Kaliurang
Mung swaramu
Kang bisa nyisihke rsa kangenku
Ngebatke nesu lan keselku
Lan ngrenggani kabeh panyawangku
Ngeket anget sepining wengiku
Mendhung hangendhanu mayungi Kaliurang
Nutupi sakabehing karep lan pangarep-arep
Kendhang kasempyok kumriciking Kali Boyong

a. Kaandharna isi geguritan kasebat!


b. Kasebatna purwakanthi guru swara geguritan kasebat! Yg warna merah

3. Ukara-ukara ing ngandhap punika kaseratna latinipun!


a. ?ajanFkW[wo=si=[aoran.

b. ?r[mai=g[w,sepiai=pm]ih.

c. ?cr[nsinauaiykufufisinau.

4. Tembang ing ngandhap punika kaseratna mawi aksara Jawa!


Asmaradana
Lumrah tumrap wong ngaurip
Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara bisa kepethuk
Kang mangkono bundhelana.

&&&& sug_mk/y &&&&

You might also like